SMP ISLAM YOGYAKARTA MENERIMA PESERTA DIDIK BARU TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Selamat Hari Raya Idul Fitri 1436 H

Selamat Hari Raya Idul Fitri 1436 H

Keluarga Besar SMP Islam Yogyakarta
Mengucapakan Selamat Hari Raya Idul Fitri 1436 H
Mohon Maaf lahir dan Batin.

“Nadyan netra tansasmita, lathi tanwicara, hamung aksara tinata minangka duta. Bebeging manah nyuwun gunging pangapurandika lan sugeng riyadi.”


“Gilir gumanti padhang tetrawangan ing wayah ratri. Kawula ngaturaken sugeng riaden sugeng karaharjan, rena ing penggalih kawula nyuwun agunging samudra pangaksama lahir trusing batos, mugiya tansah winengku ing karahayon lan widada ing sambikala.”

“Srengenge Idul Fitri anggawa pangarep-arep, silaturahim kanggo lantaran rumakete ati. Kita sedaya caos pangapura kanthi mantep nglaleake kalepatan liyan gawe tentreme ati”

“Paijem gadhah Fiat. Diagem touring dateng Banten. Dalem kathah lepat,kerso paring agenge pangapunten”

“Nagara tentrem amarga para satria pinandhita, bengi shalat tahajud, awan sregep makarya. Sugeng riyadi, sedaya kalepatan kula nyuwun pangapura Latihan pasa sewulan mugi kita dados manungsa takwa”

“Dinten meniko dinten bakda riyadi Kulo menawi gadhah kalepatan ingkang disengaja lan boten disengaja dumateng panjenenagan sak kulawarga kulo nyuwun agenging samudro pangaksami”

“Juminten mbeber kloso, Dodol kupat ngarep gapuro. Wonten dinten riyoyo, menawi lepat kulo nyuwun ngapuro. Mugi-mugi Allah maringi pepadang kagem sedoyo”

“Mlaku-mlaku ning Malioboro Menawi sayah numpak becak luwih sekeca Sugeng riyadi kagem panjenengan sedaya Sagung kalepatan nyuwun diparingi pangapura”

“Mangan kopat karo mangan apem gadhah lepat nyuwun pangapunten”

“Sucineng ati, tumatining laku, ngaturaken SUGENG RIYADI 1436H bilih wonten kalepatan nyuwun agungi samudro pangaksami”

“Kulo nyuwun gunging pangapunten sedanten kalepaten lahir dumugi ning batos boten langkung ngaturaken sugeng Iedul Fitri, mugi Gusti Allah Ingkang Kuwoso paring ridho lan rahmatipun dumateng kito sedoyo. Amien”

“Pitik kate rupane putih Pitik alas rupane coklat Idul Fitri ati manungsa bali putih hawa-nafsu dikendali kanthi tobat”

“Ngaturaken Wilujeng Ied Fitri 1436 H. Nyuwun gunging pangapunten. Mugi kito kanugrahan jatining fitrah saking gusti ingkang Maha Mirah. Amin.”

“Rinengga suminaring surya dinten fitri cinandra resik ing wardaya, katur sugeng manghayubagya Idul Fitri nyuwun angunging samudra pangaksami, ing sedaya kalepatan kula sakluwarga “minal aidinwal faidzin” mugi kita tansah winengku ing karahayon, gesang, lan mugi tansah pikantuk ridho saking Gusti Allah SWT.”

“Paijem gadhah Fiat. Diagem touring dateng Banten. Dalem kathah lepat, kerso paring agenge pangapunten.”

“Mulad sarira hangrasa wani. Wani ngakoni kalemahan diri. Sugeng Riyadi Idul Fitri. Sadaya kelepatan nyuwun pangaksami.”

“Ngaturaken wilujeng Ied Fitri 1436 H. Nyuwun gunging pangapunten. Mugi kita kanugrahan jatining fitrah saking Gusti ingkang Maha Mirah. Amien..”

“Nandur pari jero. Manfaate kanggo anak putu. Luputku marang awakmu jero. Mangga dipendem nganggo pangapuramu. Taqabalallahu Minna Wa Minkum. Mugi amal ibadah kita sadaya katampi”

“Mangan sate sak gulene, sego megono bumbu kemiri kapan wae lebarane, sugeng riyoyo idul fitri tumbar merico kecap asing Nyuwun ngapuro lahir lan batin”

“Cangkem iki sering nggedabrus, utek iki sering mikir sing elek. Minal aidzin wal faidzin. Mohon maaf lahir batin”

“Mbok Setro bakul tempe gawe sehat wong sak erte marga tempe akeh proteine Lebaran ora kudu ganti hape sing penting kendali diri ora nggape hawa-nafsu sing nggugu karepe dewe”

“Ngaturaken wilujeng Idul Fitri 1436 H. Nyuwun gunging pangapunten. Mugi kito kanugrahan jatining fitrah saking gusti ingkang Maha Pemurah. Amin.”

“Gunung Merapi, Gunung Merbabu, tansah jejer kaya sedulur kembar Aku sing wis tau nglaraake atimu njaluk samudra pangapuramu kang jembar.”

“Gunung Merapi rupane biru dicedaki dadi ijo wit-witan cemara Menawi kula gadhah keliru nyuwun agenging samudra pangapura.”

“Numpak andhong ning Kotagedhe, tuku ali-ali kagem eyang putri. Bilih aku nduwe luput gedhe, nyuwun kawelasan sampean ampuni.”

“Ning gunung ketur tuku bolah, kanggo ndodomi sajadahe simbah Dudu salahmu sing gawe susah, nafsu amarahku sing gawe bubrah.”

“Juminten mbeber kloso, dodol kupat ngarep gapuro. Wonten dinten riyoyo, menawi lepat kulo nyuwun ngapuro. Mugi-mugi Allah maringi pepadang kagem sedoyo.”

“Ngaturaken wilujeng Ied Fitri 1436 H. Nyuwun gunging pangapunten. Mugi kita kanugrahan jatining fitrah saking Gusti ingkang Maha Mirah. Amien”

“Dhahar kupat kuahipun santen, menawi wonten lepat nyuwun pangapunten. Mugi-mugi kabeh doso-doso dilebur ing dinten riyoyo niki. Amien.”

“Kondur sami-sami kanthi linambaran tulus saha andhap asoring manah kula ugi ngaturaken sedaya kalepatan mugi sageda kalebur ing riyadi suci punika. Mugi Gusti Allah paring ijabah.”



Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Selamat Hari Raya Idul Fitri 1436 H"

Posting Komentar

Program Reguler dan Boarding Shcool
PPDB 2020